
MALANGTODAY.NET – Masio rodok mendung, tapi howone sik seger. Kait ublem gang, Paitun tail wong-wong kok podo umyek koyok ate rekreasi. Onok libom kol, paling nyarter. Bu Wiwik bingung noto penduduk. Ketoke Lek Jum ngetet ae njaluk lungguh ngarep. Ate nangdi se wong-wong iki.
“Aku ndik ngarep ae, mabuk aku engkok,” jare Lek Jum. Ujube Bambing mlorok ambek terus mlebu mburi. Bu Wiwik ketoke gregeten.
“Kok rame ae yo,iki nang rumah sakit, guduk nlgencer. Ayo ndang munggah, selak jam e entek gak oleh besuk engkuk. Lha iko Paitun, melok a Tun?. Bu Parti mlebu rumah sakit, wingi sepedaan kejungkel ndik embong.” Bu Wiwik osi ae. Kejungkel yoopo se.
Tibae ate besuk, lha ngono Lek Jum lek macak koyok ate nang nentam ae. Lek Mbak Ti ngono cik senenge dasteran, nangdi-di dasteran. Genaro kanal kok kadit ketail sing kolem. Mek Momon ripus. LIbome budal, tak ndang minggir ae. Momon lek ero ayas ndik embong, libome gayae disrempet-srempetno hare. Repot kampas rem iku.
Lhuw…lha iki lek poro kodew gak onok, genaro-genaro kanal paling ngrumbul nggedabyah, merdeka wis. Tak taile se, paling ndik pos. Temenan tibae, lhok en, nglumpuk koyok mbako enak mbako sedang.
“Helom idrek wingenane, Narko nyelip ayas, ambek nggonceng Londo, Dadak moro brompite ndlosor… gruuduuk. Untung ayas iso nyleot ngeles. Ayas wis kroso, embong lak ketutupan banyu wong udane deres. Narko ndang tak tulungi, ketoke pustep mancep ndik garese. Langsung tak playokno nang hamur tikas,” jare Bendhot.
“Londoh gak popoh, Ndhot? Bambing nyerek nokat.
“Lha yo iku. Lali ayas, Mbing. Pas ndik hamur tikas, ayas lak ngenteni Narko. Onok genaro didukno kaceb ndik ngarep UGD. Mudun kaceb hadak ngilokno ayas, ‘Keat ente!’. Tibake Londo hare. Asli ayas gak ero, wong awake babras kabeh ledhok thok. Lha mosok ero, tibae Londo maeng ublem got cidek embong,” Jare Bendhot ambek getun tapi kudu ngguyu.
“Ayas wingih yo nyambangih nawak ndik Claket. Enteh lanek paling. Sugeng…sugeng. Sugeng wader. Karepe nang hamure oromoute, hame kangen ambek putuneh. Mari magrib helom. Wis dipenging sakjaneh, sik grimis. Yo ngonoh, apedese njlungup kenek junglangan. Sekok e pedhot. Ojob ambek kanae babras kabeh. Wader dengkule mengsleh.” Jare Bambing.
“Saiki kabeh sambat pekoro embong. Kok koyok dijar-jarno ngono se? Opo maneh lek ingeb, kene kudu ati-ati. Mosok pengurus RW ganok sing ero.” jare Samian.
“Yo gak eroh, opoh gak krosoh, wong tumpakane kane, empuk, kenek jeglongan yo mek nyuutt…kentul… kentul… ” jare Bambing nirokno gayae ripus.
“Seminggu kepungkur, Riadi hansip yo ngono. Dijaluki tulung tuku gorengan ambek wong-wong. Kok suwe temen. Tibae yo ngono, brompite njedug. Slamet sekok e sepeda montore sing mblesat, cobak sekok e Riadi lak cilakak,” Samian nutukno. Batine Paitun, Riadi kok disilihi sepeda montor, sepeda biasa ae mlakune koyok leang-leong hare.
“Asline wingih pas besuk Wader, onok oket maneh orang duah. Ketoke yo mari ndlosor ndik embong,” jare Bambing.
“Ente pancet ae Mbing. Senengane nggedek-nggedekno. Mosok ero koen lek pasien iku mari plorotan ndik talang, opo mari saduk-sadukan… krawuk-krawukan, opo gablek-gablekan ambek parut. Podo Mbing babrase ambek benjute, ngarang ae ente. Wong ente dewe gelek ngono lho dikrawuki mamih…” Bendhot mulai nggarap.
“Wong dalan mek bolong-bolong mbok warah jeglongan, ojok ngono Mbing,” Samian ngegongi.
“Sopoh sing ngomong jeglongan? Ngawut aeh, iku lak mek bolong-bolong… mek gedheneh roto…sak juglangan… ,” jare Bambing mrenges ero lek dipancing, tambah gunggungan Lek mrenges osi koyok bupet. Wis nggegek kabeh.
“Lambemu, Ndhot. Asli ikih. Lek gak salah sing sijineh konconeh Paitun. Sopo Tun? Sing awake hedeg, sangar, tatoane ngrentep. Sing kereng tapih lek marung senengane pesen teh anget. Ohh iyoh…iyohh… Simbah. Ketoke regeg ae ambek sustere. Tibae critane sustere, babrase lak pas tatoane, ambek sustere ate diresikih terus diobati, kadit meleg, jare wedih tatoane luntur. Padahal tibone jare kadit apedesan, kok osi uklam ae kejeglong, bedun iku,” jare Bambing terus langsung nuding awak-awakan.
“Koen ojok critoh koncomu iku lho yoh? Awak iso diincim engkuk,” Bambing grogi
Percuma ngandakno ente Mbing, batine Paitun. Lek ambik Simbah, paling ente dicantolno ndik pawon, lek isuk dicelupno mug ijo gawe babonane teh. Lek wis kecut ente dibuak ndik pote kembang.
Dilut engkas, Sugik angsle teko. Kadit idrek ta wanyok.
“Ente prei ta, le?” Bendot takok.
“Oyi bes, lha yoopo, sik mbenakno rombong. Mambengi ayas helom. Wis ati-ati sakjane. Hadak kejeglong, wis… korat-karit rombongku. Ban ku mleyot, mangkok benthet kabeh. Wis dagangan saiki ipes. Mbuh kah. Padahal ayas wis ero lho bes, ndik ngarepku rodok adoh, tak delok rombong satene Rasid wis njombat,” sambate Sugik.
Paitun mulai kroso kadit kane iki. Maringono osi-osi Samut bakso oket, terus Pendik ojek, Lek Ri pangsit, Ji tahu lontong, Rasid sate. Osi saur manuk, ate magrib pisan. Timbang dowo tak plencing ae, didungakno ae liane gak kenek jeglongan.
Tekan ngarep embong, ndik kaceban kok akeh kaceb sing kosong. Ipes penumpang. Ngaso sik ae, nendes merdu ndik kacebe mboh sopo. Onok sing nyetel radio, pengajian pisan, mbois iki.
“Sampeyan sedoyo pun semerep nopo mboten. Abot dados pemimpin umat niku. Mboten angsal pemimpin niku membuat rakyat sengsara. Saking riwayat Muslim disebutaken, istri beliau Aisyah ra, sanjang, Rasulullah SAW bersabda dlm rumahku: “Ya Allah, barangsiapa yg menguasai sesuatu dari urusan pemerintahan umatku, kemudian ia membuat kesengsaraan pada mereka, maka berilah kesengsaraan kepada orang itu sendiri…. Terus sik enten maleh…”
Lhuk, lha kok serem ngono dadi pemimpin, batine Paitun.
“Ojo nelongso…jamane jaman rekoso…”
Sopo sing nyanyi. Oala, tibae Pi’i ndik mburi ndandani kacebe. Lho, rujine mblethat kabeh. (Idur)
The post Catatan Embongan: ‘Jeglongan, Kentul-Kentul’ appeared first on MalangTODAY.
http://ift.tt/2jFGbiF
0 comments:
Post a Comment